Postingan

Teks drama Bahasa Jawa

Nama anggota kelompok: 1. Gostfarel Garasso Sakti M.P (15) 2. Racel Eris Abelea (28) Kasengsaraan Jenenge Dita umure 13 tahun,saiki dheweke kelas 2 SMP lan  duweni dulur wadon jeneng e Dina. Dina iki kelas 1 SMA. Dheweke duweni watak keras, kasar marang Dita lan  Dina kui anak kesayangan e bapak lan ibu. Wong tuane seneng banget bedak-bedakne Dita karo Dina. Saben bengi Dita nangis sesenggukan ning jero kamar karo batin Dita : “aku iki asline salah apa ya, saben apa wae sing tak lakoni mesti dianggep salah karo bapak lan ibu”(pitakonku ing jero ati) Gak kroso saiki wis wiwit isuk. Dita, Dina lan bapak ibu wis padha tangi. Kaya biasane Dita tangi disek amerga dheweke kudu resik-resik omah supayane di oleh i budhal sekolah lan sarapan. Ibu : “wis lang kono omahe diresiki lek awakmu pengen budhal sekolah!” Dita : “inggih bu, sekedap”( Karo nundhukake sirah) Dina : “yen ngresiki kudu sing resik, ojo angger wae, kamarku ojo lali disapu, bantal slimut ditata sing apik”(k...