Teks drama Bahasa Jawa
Nama anggota kelompok:
1. Gostfarel Garasso Sakti M.P (15)
2. Racel Eris Abelea (28)
Kasengsaraan
Jenenge Dita umure 13 tahun,saiki dheweke kelas 2 SMP lan duweni dulur wadon jeneng e Dina. Dina iki kelas 1 SMA. Dheweke duweni watak keras, kasar marang Dita lan Dina kui anak kesayangan e bapak lan ibu. Wong tuane seneng banget bedak-bedakne Dita karo Dina. Saben bengi Dita nangis sesenggukan ning jero kamar karo batin
Dita : “aku iki asline salah apa ya, saben apa wae sing tak lakoni mesti dianggep salah karo bapak lan ibu”(pitakonku ing jero ati)
Gak kroso saiki wis wiwit isuk. Dita, Dina lan bapak ibu wis padha tangi. Kaya biasane Dita tangi disek amerga dheweke kudu resik-resik omah supayane di oleh i budhal sekolah lan sarapan.
Ibu : “wis lang kono omahe diresiki lek awakmu pengen budhal sekolah!”
Dita : “inggih bu, sekedap”( Karo nundhukake sirah)
Dina : “yen ngresiki kudu sing resik, ojo angger wae, kamarku ojo lali disapu, bantal slimut ditata sing apik”(karo ndiding kamare).
Pandom Jam wes ana ing angka 6 luweh seprapat, Dita lan Dina wayae budal sekolah, sak durung e budhal ibu ngongkon sarapan dhisik, nanging Dita ora oleh melok sarapan ning mejo makan bareng bapak ibu lan Dina. Dheweke dikongkon sarapan ing pawon mburi. Banjur Dita gawa panganan iki mau karo nangis. Atine nelongso banget. Ing jero atine Dita akeh pitakon sing gak wani di takokno marang ibu bapak e.Saben Dina, Dita gunem marang awake dhewe
Dita : “mosok aku iki dudu anak e bapak lan ibu, apa iki aku amung anak pungut.”(karo nangis sesenggukan)
Gang sedhela Dita keprungu suara lakune uwong, banjur dheweke ngusapi eluh iki wau lan nglanjutake mangane mau karo ndredek. Tibak e iku suara lakune ibu.
Ibu : “Dit awakmu budal sekolah numpak angkutan umum wae, mergo mbak Dina wis budhal bareng bapak.”(karo ngekeki sangu)
Dita : “Iiinggih bu, sekedap kula badhe dhateng jedhing.”
Sak wis e saka jedhing Dita langsung gugup-gugup budhal sekolah, nanging ora lali pamit marang ibune. Dita banjur nyedak marang ibune
Dita : “bu, kulo ajengipun bidhal sekolah”(arep nyalami tangane ibuke)
Ibuk’e ora gubris pamitan e dina iki, Dita malah ditinggal mere. Banjur Dita budhal sekolah karo ati nelangsa.
Sampek ing sekolahan Dina ketemu marang konco akrabe yaiku sari. Sari iki koncone wiwit SD. Bocah e apikan banget marang Dita, saben Dita ana masalah ing Kaluwargane, Dita mesti crito marang sari. Saben ana masalah Sari ngekeki Semangat Dita,selalu support Dita. Ujug-ujug sari nyedaki Dita, Dita banjur di takoni rena-rena amerga ngerti mripate Dita bendhul.
Sari : “lohhh Dit iki kenopo mripatmu kok bendul, abang ngene, bar nangis apa di entup t awon?”(karo ndelengi mripate Dita)
Dita : “iki mau pas ning dalan mripatku kelilipen pasir sar.”(karo ngucek mripate)
Sari : “tenan opo ora? Engko lang awakmu ana masalah karo ibuk’mu? Crito ning aku dit gapapa, nek aku iso bakalan tak iwangi”
Dita : “tenan sar, iki mau kelilipen pasir pas arep nyegat angkutan”
Banjur Sari ngangguk-ngangguk. Gak suwe pelajaran wis di wiwiti,Dita ngrungokake pelajaran karo nglamun,lan Dita ora sadar yen dheweke di dheleng marang gurune
Bu guru : “Dit, awakmu kenopo, tak wasi ket mau kok sawangane nglamun, ono masalah to?”
Dita : “mboten wonten nopo-nopo bu.” ( karo nundhukake sirah.)
Bu guru banjur nglanjutake pelajaran sampek bel mulih wis muni. Bocah-bocah wis padha metu, ana sing jajan disek amerga arep ekstra ing sekolahan. Dita lan Sari Milih ganti klambi dhisik supayane ben ora telat ekstra.
Jam wis nunjukake 16.30 bocah-bocah sing ekstra padha mulih kabeh, Sariwis dipapak karo bapake, DIta isek negnteni bis ning ngarep halte sekolah.
Sari : “Dit, ayo mulih bareng aku wae, wis dalu iki, ngenteni bis mesti suwe banget”
Dita : “Gak usah Sar, aku ngenteni bis wae”
Sari : “Yowis Dit, aku mulih disik dhisik ya”
Dita : “Iyo sar ati-ati”
Akhire ana bis sing liwat sakwise 10 menit ngenteni Dita banjur mulih numpak bis. Sakwise teka omah wis ana mbak Dina sing wis ngenteni ning ngarep lawang.
Mbak Dina : “Mulih sekolah kok dalu tenan Dit”
Dita : “Iyo mbak, ana kegiatan ekstra”
Mbak Dina : “Lha mosok ekstra nganti dalu ngeneki, rasah mbujuki!”
Mbak Dina banjur nabok pipine Dita amergo ora percoyo yen Dita ana ekstra ning sekolahe.
Ibu : “Iki ana opo to Din kok rame tenan”
Mbak Dina :“Iki lo bu, Dita mulih sekolah keluyuran ora langsung mulih”
Ibu moro-moro nyeret Dita ning kamar banjur Dita digepuki nganti nangis sesenggukan. Sakwise kedadean iku, Dita ning njero kamar nyekeli pulpen karo buku banjur nulis diary kabeh kedadean sing ana ning uripe.
Komentar
Posting Komentar